Monday 6 May 2013

STASIUN ATI KUTHA BATIK

Wengi iki ora kaya wengi-wengi biasane. Wengi iki Fitri mung iso ndheleng laptop tanpa bisa ngetik apa-apa. Mripate ora bisa ngapusi yen pikirane lagi buyar. Kertas selembar werna biru ana meja pojok kamar ngandhakke yen 10 Mei 2013 bakal dadi tanggal gugure pengarepan kang wis nancep ana atine Fitri. Ana layang kuwi katulis jeneng Danang Hermansyah lan Siti Fatimah. Danang ora seje yo wong kang tau nggawe Fitri kesengsem nganti seprene dalah Siti yo ora kleru bakal bojone. Ana kutha batik Pekalongan akhad nikah bakal kedaden ing tabuh 08.30. Mbuh apa kang ana ing pikirane Fitri. Arep cemburu Fitri rumangsa ora patut. Arep nganggep kuwi perkara kang biasa, nanging atine yo krasa lara.

Udakara patang sasi kepungkur Fitri kenal karo Danang. Danang kuwi sekretarise Pak Burhan minangka klien ana kantore Fitri. Wektu kuwi kantore Fitri pancen lagi ana kerjasama karo kantore Danang. Sepuluh dina Danang lan Fitri mergawe bareng, mangan bareng, lungguh bareng, uga crita-crita bareng. Ora krasa lelungguhan ana penggawean kuwi nggawe Danang lan Fitri krasa ayem. Ora ana sing nyangka yen cedhake omongan Danang lan Fitri wis adhoh saka bahasan gawean. Malah ora dinyana Danang lan Tatik uga tau metu bareng kanggo nonton pameran buku ana sawijining bengi ing salah sijining toko buku ing kutha Semarang. Nanging kahanan kuwi ora kelakon suwe. Ana sawijining dina Fitri ngerti yen Danang wis nduwe tunangan. Ancur rasane …..kuwi kang dirasakke Fitri. Nalika atine njajal dibukak kanggo nampa siji wong lanang kang dianggep bisa njaga ati, e malah nggawe cuwa ana crita kasmaran semu.

Telung dina maneh kutha batik bakal dadi seksi nikahane Danang lan Siti. Fitri pancen ora kenal karo Siti. Fitri uga durung tau ngerti wajahe Siti kanthi langsung. Nanging Fitri wis bola-bali mbukak akun facebook eSiti kang katulis Siti Fafa Sayang Danang. Fitri ora bisa nyalahke Danang utawa sapa-sapa. Kabeh iki murni gawane ati kang sapa wae ora bisa nolak. Tresna kang suci tineka tanpa rencana. Nanging arep kepiye maneh menawa cedhake Fitri lan Danang ing sasi kepungkur mung wujud kekancan kang dirasa luwih karo Fitri, nanging ora minangka atine Danang. Saben mbukak facebook, Fitri mbukak akune Danang Hermansyah. Lara …. Lara …. lan lara ….. atine Fitri pancen lagi diuji dening Gusti Allah. Ing mburine Fitri percaya yen Gusti Allah mesti bakal maringi jodo kang bisa tresna marang dhewekke ngluwihi Danang kang nyolong atine.

Tabuh setengah 5 Fitri wis siap ing stasiun. Pekalongan dadi tujuane Fitri ing dina iki. Klambi pink, rok ungu, lan jilbab ungu dadi ageman kang dipilih Fitri kanggo nekani undhangane Danang. Kotak abang renda biru ora pisah saka tangan tengene Fitri. Senajan ora sepira, nanging kado kuwi minangka wujud bungahe Fitri marang nikahane Danang lan Siti. Kira-kira jam wolu luwih limalas menit Fitri wis tekan pelataran omahe Siti. Fitri pancen mrana dewekan. Fitri katon clingak-clinguk lungguh ing kursi atom warna biru. Dhewekke ngingeti wong-wong kang mlaku ngalor-ngidul. Karepe nggoleki sapa ngerti ana sing dikenali. Nanging nganti akhad nikah diwiwiti ora sijia ana sing dikenali.

Pancen pasangan sing serasi. Kebaya putih dimodif kalung mlathi nggawe Siti katon ayu banget. Kulite resik, parase ayu, senyume manis, krungu-krungu uga kenya kang pinter. Ora gumun yen Danang milih Siti dadi calon ibu anak-anake mengko. Danang uga katon gagah. Jas ireng, kopyah ireng, nggaweawake kang gedhe dhuwur ora bedha kaya Raden Mas Janaka. Ijab qobul dipimpin bapake Siti. Fitri lungguh ana pojok mburi supaya ora katon saka palungguhane Danang lan Siti.

“Kula tampi nikah lan kawinipun Siti Fatimah binti Abdul Jalil kanthi mas kawin seperangkat alat sholat lan yatra 200.000 tunai”

Suara kuwi jelas krungu banter saka Danang. Rasane makpyohhh …. Pengen neteske eluh nanging melu seneng uga ngerti wong kang ditresnani wis bisa ngrasakke endahe mangayuh bagya. Upama diumpamakna wong numpak sepur. Rasane kok wis ayem bisa mudhun ing stasiun kang dikarepake. Nanging bedha karo sepure Fitri. Sepure Fitri ing dina iki sepur kang sabenere. Sepur jurusan Semarang dadi kancane Fitri ngentekke endahe sumilir angin kang mlebu saka kaca gerbong sepur. “Stasiun atimu ing kutha batik Pekalongan Nang” isi status facebookke Fitri kang dilanjut mblokir akun facebooke Danang.

0 comments:

Post a Comment

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More